Ditelisik saka literatur lan laku budaya Jawa pancen ora ditemokake donga lan tatacara panembah kang wujud laku ritual. Kang ana: mantra, sesaji, laku sesirih lan laku semedi (meditasi). Gandheng ora padha mudheng larah-larahe, banjur ana panganggep menawa mantra iku pada karo donga, sesaji, laku sesirih lan laku semedi padha karo ritual panembah. Mantra ora padha karo donga. Menawa donga iku panyuwun marang Gusti, dene mantra iku ngempakake daya uripe manungsa peparinge Gusti. Atur sesaji, laku sesirih lan laku semedi mujudake tatacara ndayakake dayaning urip murih bisa nindakake urip kang bener, becik lan pener. Yaiku nindakake urip melu memayu hayuning bawana.
Daya uripe manungsa mahanani anane ‘aurora magis’ kang nglingkupi anggane manungsa. Wateke aurora magis iku dhewe-dhewe amarga beda-bedane kahanan unsur-unsur kang mangun jasade manungsa. Unsur-unsur iku asale saka bumi, langit, cahya lan teja kang tansah owah gingsir kahanane ing saben wektune. Mula banjur ana ngelmu Jawa kanggo nengeri beda-bedane ‘aurora…
Lihat pos aslinya 393 kata lagi
Iklan